Sabtu, 05 Oktober 2013

Judheg!

            Lamat-lamat adzan ngisak ngumandhang saka langgar kan mapan ing pucuking dhusunku, nalika aku lagi lungguh ana ing undhak-undhakan teras omah. Pikiranku nglambrang, ngulambara. Sumiliring angin wengi nyeret aku ing prastawa telung sasi kepungkur...
           
            Buku Sayap-Sayap Patah karangane Kahlil Gibran ngancani wektu istirahatku ing perpustakaan sekolah. ‘Teeet. Teeeeeeeeeeeet’. Bel tandha wektu mlebu medhot konsentrasi anggonku maca buku. Tak uculi kacamataku, saperlu tak lapi. Ora tak nyana-nyana, Mas Andi, kakak kelasku, wus sangga wang kanthi esem nggodha ing ngarepku.
            “Eh, sampun bel, Mas! Kula rumiyin.”, pamitku sinambi ngukuti buku.
            “Kartika!”, panjelukke Mas Andi, ananging aku wus metu saka perpustakaan.
            Esukke, nalika aku mangkat sekolah, Mas Andi wus ngadeg ana ing lawang kelasku. “Kartika.”. Mas Andi nyebut jenengku nalika aku liwat, ndhungkluk. ‘Hhhhhhh’, panggrundhelku ing njero ati. Nanging aku tetep mandheg, kanggo nuduhake suba sita.
            “Injih, Mas. Onten napa?”, wangsulanku kanthi esem kang rada dak peksa. “Ana kang arep dak omongake karo kowe, Dhik Tika.”
            “O, nggih mangga, Mas.”
            “Ning ora ing kene, Tik. Ayo!”, pangajake Mas Andi sambi nggeret tanganku. Tekan ngarep kantin, Mas Andi mandheg. “Ngene, Tik. Apa sliramu gelem dadi pacarku?”, pitakone Mas Andi dibarengi ngulungake kembang aster warna kuning. Adhuh, blas ora tak nyana-nyana sak durunge! Niatku sekolah ing kene arep sinau, golek ngelmu, ora arep golek pacar! Aku ora bisa kumecap.
            Untunge, bel tandha mlebu kelas teko nulungi aku. “Nuwun sewu, Mas, sampun bel!”, pamitku. Aku mlayu tumuju kelas, ninggalake Mas Andi kang mung nyawang kembang aster ing tangane.
            Pirang-pirang dina saka kedadeyan ing esuk iku, mas Andi ora tau ngetutke aku ing perpustakaan, ora tau ngenteni aku ing gerbang sekolah meneh. Aku lega, anggonku sinau wis ora ana sing ngganggu meneh.
            Nanging, atiku luluh. Kemis esuk rada awan, ing panggung porsenitas. “Lagu iki, dak tembangake, spesial kanggo Kartika Ratri.”
            “Ciee, cieeeee!”, panyorake murid-murid kang padha nonton porsenitas.
            “ Di kantin depan kelasku,
            Di sana kenal dirimu,
            Yang kini tersimpan di hati...”
            Lagune Iwan Fals, kang dadi kesenenganku, ditembangake dening Mas Andi, ing panggung porsenitas, ing ngarepe kanca-kancaku, spesial kanggo aku!

            ‘Thin,thiin!’.
            Suara klakson Satria FU mbuyarake angen-angenku. Ing ndhuwur montor, tangan tengene Andi nguculi helm, dene tangan kiwane nyekeli buku dilunthung-unthung. “Ee, my darling kok ngalamun? Ayo, tuturi aku nggarap PR, Tik.”. Andi medhun saka moontor langsung ngadeg ing ngarepku. Aku mung manthuk terus mlebu omah.
***
            Aku lagi lungguh ing ngarep meja belajar, ngelap kaca mata minusku, nalika keprungu suarane Andi saka ngarepan. Sedhela dakmatke tugas saktumpuk kang kudu dakkumpulake sesuk esuk. Endi sesuk jam pertama ana ulangan IPS. Ulangan PKn mau wae, ora nganti separo sik isa dakgarap. Amarga, mbengine Andi mara ing omahku, saperlu njaluk tutur PR.
            ‘Hhhhhhh’, aku mudhun saka kursi, unjal ambhegan. Mbukak lawang, Andi wus ngadeg ing ngarepku. Ing tangane ana saktumpuk buku lan laptop. Kaya biasane, Andi mung nyengir. “PR, Tik.”
            Jam tanganku nuduhake angka 23.02 nalika Andi ngukuti buku lan laptope. “Aku bali dhisik ya, Tik. Nuwun lho!”, pamite Andi. “ Iya, ngati-ati ya!”, wangsulanku, sinambi angop. Mlebu kamar aku langsung ngambruk ing kasur, tanpa mikir tugasku.
***
            “Kartika Ratri! Tugas kang wus Bapak paringake seminggu kepungkur durung kokgarap?!”, getakke Pak Bambang nalika pelajaran Basa Inggris.
            “Kang bijine kurang saka KKM, wajib nyuwun tapak asma Bapak utawa Ibu ing mburi lembar jawab!”, ngendikane Bu Andri, guru PKn ing sekolahku. Tak walik lembar jawabku, angka 4,7 tinulis cetha ing pojok tengen lembar jawabku.
***
            Sawise sholat Isya, aku lungguh ana ing ngarep meja belajar. Tumpukan tugas, PR, lan ing paling ndhuwur, lembar jawab kanthi angka 4,7 kang kudu dakjalukke tapak asmane Bapak, ngebaki meja. Tanganku obah arep njupuk lembar jawab.
            “Kartika!”, panjeluke Andi saka plataran. Adhuh, “Judheg!”