Lamat-lamat adzan ngisak ngumandhang
saka langgar kan
mapan ing pucuking dhusunku, nalika aku lagi lungguh ana ing undhak-undhakan
teras omah. Pikiranku nglambrang, ngulambara. Sumiliring angin wengi nyeret aku
ing prastawa telung sasi kepungkur...
Buku
Sayap-Sayap Patah karangane Kahlil Gibran ngancani wektu istirahatku ing
perpustakaan sekolah. ‘Teeet. Teeeeeeeeeeeet’. Bel tandha wektu mlebu medhot
konsentrasi anggonku maca buku. Tak uculi kacamataku, saperlu tak lapi. Ora tak
nyana-nyana, Mas Andi, kakak kelasku, wus sangga wang kanthi esem nggodha ing
ngarepku.
“Eh,
sampun bel, Mas! Kula rumiyin.”, pamitku sinambi ngukuti buku.
“Kartika!”,
panjelukke Mas Andi, ananging aku wus metu saka perpustakaan.
Esukke,
nalika aku mangkat sekolah, Mas Andi wus ngadeg ana ing lawang kelasku.
“Kartika.”. Mas Andi nyebut jenengku nalika aku liwat, ndhungkluk. ‘Hhhhhhh’,
panggrundhelku ing njero ati. Nanging aku tetep mandheg, kanggo nuduhake suba
sita.
“Injih,
Mas. Onten napa?”, wangsulanku kanthi esem kang rada dak peksa. “Ana kang arep
dak omongake karo kowe, Dhik Tika.”
“O,
nggih mangga, Mas.”
“Ning
ora ing kene, Tik. Ayo!”, pangajake Mas Andi sambi nggeret tanganku. Tekan
ngarep kantin, Mas Andi mandheg. “Ngene, Tik. Apa sliramu gelem dadi pacarku?”,
pitakone Mas Andi dibarengi ngulungake kembang aster warna kuning. Adhuh, blas
ora tak nyana-nyana sak durunge! Niatku sekolah ing kene arep sinau, golek
ngelmu, ora arep golek pacar! Aku ora bisa kumecap.
Untunge,
bel tandha mlebu kelas teko nulungi aku. “Nuwun sewu, Mas, sampun bel!”,
pamitku. Aku mlayu tumuju kelas, ninggalake Mas Andi kang mung nyawang kembang
aster ing tangane.
Pirang-pirang
dina saka kedadeyan ing esuk iku, mas Andi ora tau ngetutke aku ing
perpustakaan, ora tau ngenteni aku ing gerbang sekolah meneh. Aku lega,
anggonku sinau wis
ora ana sing ngganggu meneh.
Nanging,
atiku luluh. Kemis esuk rada awan, ing panggung porsenitas. “Lagu iki, dak
tembangake, spesial kanggo Kartika Ratri.”
“Ciee,
cieeeee!”, panyorake murid-murid kang padha nonton porsenitas.
“
Di kantin depan kelasku,
Di
sana kenal
dirimu,
Yang
kini tersimpan di hati...”
Lagune
Iwan Fals, kang dadi kesenenganku, ditembangake dening Mas Andi, ing panggung
porsenitas, ing ngarepe kanca-kancaku, spesial kanggo aku!
‘Thin,thiin!’.
Suara
klakson Satria FU mbuyarake angen-angenku. Ing ndhuwur montor, tangan tengene
Andi nguculi helm, dene tangan kiwane nyekeli buku dilunthung-unthung. “Ee, my
darling kok ngalamun? Ayo, tuturi aku nggarap PR, Tik.”. Andi medhun saka
moontor langsung ngadeg ing ngarepku. Aku mung manthuk terus mlebu omah.
***
Aku
lagi lungguh ing ngarep meja belajar, ngelap kaca mata minusku, nalika keprungu
suarane Andi saka ngarepan. Sedhela dakmatke tugas saktumpuk kang kudu
dakkumpulake sesuk esuk. Endi sesuk jam pertama ana ulangan IPS. Ulangan PKn
mau wae, ora nganti separo sik isa dakgarap. Amarga, mbengine Andi mara ing
omahku, saperlu njaluk tutur PR.
‘Hhhhhhh’,
aku mudhun saka kursi, unjal ambhegan. Mbukak lawang, Andi wus ngadeg ing
ngarepku. Ing tangane ana saktumpuk buku lan laptop. Kaya biasane, Andi mung
nyengir. “PR, Tik.”
Jam
tanganku nuduhake angka 23.02 nalika Andi ngukuti buku lan laptope. “Aku bali
dhisik ya, Tik. Nuwun lho!”, pamite Andi. “ Iya, ngati-ati ya!”, wangsulanku,
sinambi angop. Mlebu kamar aku langsung ngambruk ing kasur, tanpa mikir
tugasku.
***
“Kartika
Ratri! Tugas kang wus Bapak paringake seminggu kepungkur durung kokgarap?!”,
getakke Pak Bambang nalika pelajaran Basa Inggris.
“Kang
bijine kurang saka KKM, wajib nyuwun tapak asma Bapak utawa Ibu ing mburi
lembar jawab!”, ngendikane Bu Andri, guru PKn ing sekolahku. Tak walik lembar
jawabku, angka 4,7 tinulis cetha ing pojok tengen lembar jawabku.
***
Sawise
sholat Isya, aku lungguh ana ing ngarep meja belajar. Tumpukan tugas, PR, lan
ing paling ndhuwur, lembar jawab kanthi angka 4,7 kang kudu dakjalukke tapak
asmane Bapak, ngebaki meja. Tanganku obah arep njupuk lembar jawab.
“Kartika!”,
panjeluke Andi saka plataran. Adhuh, “Judheg!”
Tidak ada komentar :
Posting Komentar