Hrrrr.... Ssssss....
Sumiyut swaraning angin ing ereng ereng
Klawu ...... putih dampyak dampyak
Pedhut gumulung ing pereng ledhok
Atis rumesep... tumrecep ing balung sungsum
Kairing swara
Krumpyung lan gegejogan
Gawe tentrem, ayem jenjem urip prasaja
Trontong trontong rembulan katon ing sisih
wetan
Nedyo madangi bocah bocah jejingkrak ing
plataran
Nyirep swarane walang cengkeret
Gumanti swara jangkrik, walang kerek
sesautan
Kaya meri karo bocah bocah kang padha
tetembangan
Jejogetan, cublak suweng lan jamuran
Wengi sansaya lingsir
Lamat lamat tembang kekudange nini
Asmarandana, ... dhandhanggula....ngiras
pamuja
Nambah endahing swasana
Pucuking cemara kang ginuyang sunar
rembulan
Lerem kaya ngeningke wuruking tembang
Hheeem ....
Nanging kabeh mau mung gari aran,
Kabur katutup ngrembakaning candala
Tan katon canthing ing tangan,
Tan krungu tembang Macapat....
Beksa dadi barang langka,
Kesimpar donya maya maya
Gustii..... gusti.
Jarene soya pinter sansoyo bener.
Genea... malah soyo akeh laku culika?
Keh kang saiyek saeka proyo
Ngerok gogroging moral...
.Nyogrok rontoging mental
keh penggede kang koyo begal,
endi kawulo endi brandal
samar... samar....samar...kebuntel budaya
anyar.
Hei ...pra mudha gegadangane Nini
Budaya jawa gya den leluri
Warisane leluwur sayekti
Ywo kongsi ilang kabuncang
Mring sumiyuting angin pegunungan
Duh gusti kang Maha kawasa
Mugi katetesna wilasa Paduka
Mrih lebur tindak candala
Duh Gusti kang moho wikan
Mugi jinagi lestarining budaya luhung
Mekar
tumengkar mring wayah siwi
Tidak ada komentar :
Posting Komentar