NGUYAK JAMAN APA
Rikala sunaring rembulan ngguyang pucuking cemara
Bocah
bocah padha dolanan ing pelataran
Jejingkrakan, jejogedan
kairing swaraning tembang
Geguneman
edi tan ninggal suba sita
Emane
kabeh mau wis
kepungkur
Ilang
kelarung ing samodrane mangsa
Rikala pucuking cemara ginuyang sunaring
rembulan
Ana
kang kurang karasa ing ati
Tembang
joged, dedolanan gumanti sumaraking donya maya
Basa
sirna ,subasita langka, samar katutup mangsa
Hhemm
.......Jarene murih ora ketinggal jaman.
Banjur
pada nguyak jaman apa ???
Tidak ada komentar :
Posting Komentar